Rabu, 13 Agustus 2014

Asal Usul Karang Bata Pantai Menganti Kebumen

Edit Posted by with No comments


Karang Bata

Mbiyen ing pantai Menganti, desa Karangduwur, kecamatan Ayah. Akeh banget sing jenenge watu bata.sing digunaake go gawe umah.
Miturut crita turun temurun nalika jaman Wali ana salah sijining wali kangnyebarake agama islam ing Karangduwur. Wali kuwi ngungsungi watu bata saka Menganti kanggo mbangun masjid ing Jatibungkus, Srati.
Watu bata kuwi wis ana sing digawa maring Jatibungkus nanging ana sing durung digawa maring Jatibungkus. Para wali kuwi ditugasakembangun masjid kudu dadi sewengi.
Ana salah sijining manungsa sing ora seneng maring para wali kuwi.manungsa kuwi nnuthuk lesung lan nguripna geni. Banjur ayampadha kluruk mula kethone wis awan. Para wali mau diukum nang utusane merga ora sanggup mbangun masjid ing waktu sewengi. Para wali kuwi ninggalake watu bata ing Menganti. Watu kuwi sing urung diungsungi banjur ditinggal lunga ana pinggir segara Menganti. Banjur watu bata kuwi dadi karang. Mula dijenengi karang bata.

0 komentar:

Posting Komentar